Selasa, 20 September 2011

Nulis Aksara Jawa Nganggo Komputer

Jaman saiki iku jamane komputer , arep nulis artikel nganggo komputer , nulis email nganggo komputer prasasat apa wae kudu nganggo komputer . Nanging pihak microsoft durung gawe program windows sing nganggo tulisan sarta bahasa jawa :P ( ora bakalan... ). Nanging saiki yen arep nulis jawa ora susah pada bingung , jalaran wis ana program computer arane carakan .

Carakan yaiku program kang bisa konversi seka huruf utawa ukara latin dadi huruf sarta ukara jawa . Aku dewe ora patia ngerti sapa sing gawe nanging sing aku ngerti , jenenge mas Bayu Kusuma Purwanto , dene yen arep download lan nganggo programe bisa golek ana ing www.google.com , bisa uga nganggo kotak cilik ning pojokan blogku iki , utawa klik ana ing kene .


Carane nganggo program iki kepenak banget , ora ribet utawa yen Pak Bondan ngarani mak nyooss…..( ben luwih mantep nganggo ..ooo.. ) . Yen wis duwe program iki , tinggal open , terus klik Ctrl+N , tinggal tulis apa sing kepengen di tulis , yen durung otomatis , klik konversi , pilih sing otomatis .Dadi yen kowe nulis apa wae langsung ketok aksara jawane . Gampang banget ta?

Kanggo aku pribadi , Program carakan pancen perlu banget tumrape awakku dewe , amarga saiki aksara jawa wis pada lali , malahan aku yakin ana sing ora bisa babar blasss... :P Muga – muga wae ana wong jawa sing bisa gawe program - program sing kaya kuwi mau , idhep – idhep nguri – uri kabudayan . Saliyane kuwi muga – muga wae generasi muda saiki ora isin nulis jawa , amarga wis ana sing bisa kanggo komputer .

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Affiliate Network Reviews